Selasa, 20 Oktober 2015

parikan basa jawa

A.parikan 4x4 wanda

. wedang bubuk, gula jawa.
- Yen kepethuk, ati lega

. Wajik klethik, gula abang
- Aja suthik, yen tumandhang

. Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora wari

- Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati ati

. Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradana

- esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka teka

.Kembang Janur, sanding sumur
-Sapa jujur, bakal luhur

.Tuku manggis, karo tapé
-Aku nangis, mikkir kowé

.Iwak bandheng, durung wayu
-Priya nggantheng, sugih ngelmu

.Godhong sinom , Kembang tales
-Isih enom , Aja males

.Mangan soto, imbuh brutu
-Krasa wareg, langsung turu

.Endok gemak, bunder- bunder
-Kroso penak, gayer-gayer

.Sego tanak lawuh cambah
-Bareng penak njaluk tambah


B.Kedadeyan saka (4 wanda + 8 wanda) x2
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.
Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

Godhong blarak, sumebar ing pinggir kali
Mata blalak, sing nduwe jenenge Lili

Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid, aja seneng keceh dhuwit.

Kembang anggrek, rumambat tepining bethek.
Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek.

Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.
Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

tutorial futsal